RSS

Selamat datang di blog saya. Blog ini berisi tentang artikel-artikel yang menurut saya menarik, lucu, romantis, unik & mungkin belum pernah kita ketahui sebelumnya. Selamat membaca.... ^_^

Petuah Wong Jowo


Iki permasalahan “ DUIT”

Karo DUIT kowe iso tuku omah, nanging dudu panggon turu.
Yen ora nduwe duit mending melu moro tuwo, ora usah isin.
Mertuwo wedhok biasane seneng ribut, ati-ati…  wenehono duit lak meneng.

Nganggo DUIT kowe iso tuku Jam, nanging dudu wektu.
Yen pengen wektu… dadi o pengangguran, okeh wektu, iso maen kertu pisan.

Nganggo DUIT kowe iso tuku Kasur King Coil tapi ora mesti iso turu.
Yen kowe pengen turu, nyambut gawe nganti kesel lan pegel, mangano sing wareg, mengko lak keturon dewe.

Nganggo DUIT kowe iso tuku buku tapi dudu kepinteran.
Yen kowe pengen minteri wong, gampang carane…. ngaku wae entuk watu soko langit, lan iso marikno wong lara.

Yen nduwe DUIT iso tuku getih tapi ora mesti urip.
Yen ora iso tuku getih modar wae ra popo, wong urip mlarat yo rekoso.

Karo DUIT kowe iso bercinta tapi durung mesti oleh tresno, amarga tresno kui soko duit, rupo lan tata krama.
Yen kowe elek tapi isih nduwe duit, isih mungkin nemu tresno dibanding kowe elek lan ra nduwe duit. Eling..... iki jaman edan.

Iki mau petuah soko Cino lan iso gawe mujur (yen ora kojur), asline sih soko Belanda.
(Lho piye seh? Aku dadi bingung. Maksute Cino Belanda ngono lo ah...)

Petuah iki wes nyebar ndonya kaping 8.
Saiki giliranmu mujur mergo kowe wes nampa pesen iki. Sing durung nampa mesti kojur kabeh.

Iki ora maen maen... tenanan... sumprit... ora ngapusi...
Kowe bakal mujur soko email lan internet. Sing ora nduwe email lan internet bakal soro.

Kirimen copy file iki kanggo sederek sing jan ora nduwe nasib apik.
Ora usah kirim duit (rugi kowe yen kirim duit), amergo keberuntungan kuwi ora iso dituku.
Ojo kliwat 4 dino, lali mengko yen kesuwen.

Ono wong nemu kiriman iki tahun 1953 (jaman kuwi dudu email, tapi kertas koran), terus sekertaris’e dikongkon nulis 20. 9 jam sak wise, wong kuwi menang Porkas 99 juta.
Piye?? kowe gelem ora? Kowe iso menang Togel... jajalen wae..

La pegawene yo dikirimi nanging ora percoyo, majikane isin lan dipecat wae.
Pegawene nyesel, terus ngirim sidane. Malah dadi sugih kebagian lotere mau.

Tahun 1967 ono wong nemu pesen iki lan ngguyu ngakak malah dibuang. Anak e loro mencret-mencret. Terus pesen mau digoleki ning tong sampah, digawe okeh lan disebar. 9 dino sak wise anak’e wes ora mencret maning malah wes wani mangan pempek pelembang.

Kertu iki wes dikirim karo peri, wong edan soko pati, kono lho pati kidul cedak prapatan portuna.

Sak durunge 96 jam klewat, kowe kudu kirim wong 20, paham ora?

Kowe bakal untung 4 dino sak wise ngirim lan nyebar pesen bertuah iki.
Ati-ati kowe ojo ngguya ngguyu. Malati ki.

Kowe ra bakal rugi. Kertu iki dikirim ben kowe ora sial terus.
Aku paham kowe ki ra bakat sugih. Saiki kesempatan mu.
Yen iki wae ora mempan, berarti kowe pancen bakat mlarat lan rekoso.

Kirimo 20 kanggo konco, kenalan, lan keluarga.
1 hari sak wise bakal ono berita apik lan kejutan.
(lho piye leh, mau 4 dino saiki 1 dino, dasar goblok tenan!!!)

Aku ki ngirim kertu iki ben iso nyebar seluruh dunia.

Kirimen 20 lan enteni wae mesti ono kejadian apik sak wise.

Penting Banget:
Ojo ngasi mbok ganti. Kirim opo anane. Bakal untung!


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

ShareThis